Pada artikel ini kami akan menjelaskan Cerita anoman duta iku isine apa Kalau kamu juga tertarik, pada artikel ini Nha Xinh akan menjelaskan tutorialnya untuk kamu.
- Ramayana kaperang dadi pitu kitab yaiku:BalakandaKitab Balakanda iku wiwitane carita Ramayana. Kitab BalakandaBalakanda nyeritakaké Prabu Dasarata kang nduwé garwa cacahé telu, ya iku: Kosalya, Kekayi, lan Sumitra. Prabu Dasarata duwé putra papat, ya iku: Rama, Bharata, Lesmana lan Satrughna. Kitab Balakanda uga nyeritakaké Sang Rama menangaké sayembara lan ngepèk bojo Sinta, putri Prabu Janaka.
AyodhyakandaKitab Ayodhyakanda iku wosé babagan carita diguwaké Rama ning alas karo Dewi SintaSinta lan LesmanaLesmana amarga saka panjaluké Dewi Kekayi. Sabubaré iku, Prabu Dasarata wis sepuh lan séda. Bharata ora kersa didadékaké RajaRaja, banjur dhéwèké nusul Rama. Rama ora gelem bali menyang praja. Pungkasané Bharata nata ing praja makili Rama.AranyakandaKitab Aranyakakanda nyritakaké babagan uripé Rama, Sita, lan Lesmana ning satengahing alas nalika lagi nglakoni masa pengasingan. Ana ing saktengahing alas mau, Rama asring paring pitulungan marang para pratapa sing nalika tapa diganggu karo RaseksaRaseksa. Kitab Aranyakakanda iku uga nyritakaké babagan Sita Sita sing diculik karo Rahwana karo carita babagan paprangané Rahwana karo Jatayu.
KiskindhakandaKitab Kiskindhakanda nyritakaké babagan lakon ketemuné Sang Rama karo Raja Kethèk kang aran Sugriwa. Sang Rama mbiyantu Sugriwa kanggo ngrebut kratoné saka Subali, kakangé Sugriwa. Ning pérangan iku mau, Subali mati. Banjur Sugriwa didadékaké Raja ning Guwa Kiskindha. Sabanjuré Sang Rama karo Sugriwa bersekuthu kanggo numpes Kraton Alengka.
SundarakandaKitab Sundarakanda nyritakake lakon bala Kiskindha sing lagi yasa kreteg Situbanda sing nggabungake antarané India karo Alengka. Anoman sing dadi dutane Sang Rama lunga menyang Alengka lan ngadhep karo Dewi Sita. Ning kana, Anoman ditangkep. Nanging dhèwèké bisa ucul lan ngobong kutha krajan Alengka.
YuddhakandaKitab Yuddhakanda nyritakake lakon paprangan antara laskar Kera dhuweke Sang Rama karo wadyabala Raseksa Sang Rawana. Ceritane diwiwiti nalika usahane wadyabala Sang Rama bisa nyebrang segara menyang Nagara Alengka. Nanging, bebarengan karo iku Wibisana ditudhung minggat karo Rahwana amarga kakean mènèhi pitedah. Ning paprangan, Rahwana dkalahake karo Rama nganggo senjatan senjata panah saktine Sang Rama. Sang Rama bali menyang Ayodhya kanthi Slamet bareng karo Dewi Sita.
UttarakandaKitab Uttarakanda nyritakake lakon diguwake Dewi Sita amarga Sang Rama krungu kabar-kabar saka rakyat utawa warga sing ora percaya marang kasucèné Dewi Sita. Bnajur Dewi Sita manggon ning pratapan Rsi Walmiki lan nglairaké Kusa lan Lawa. Kusa lan Lawa mara menyang karajane Sang Rama nalika lagi dianakake upacara Aswamedha. Nalika iku dhèwèké kabèh nyanyikake Ramayan sing digubah karo Rsi Walmiki.( Pratelan ing inggil mundhut saka https://jv.wikipedia.org/wiki/Ramayana).
TEKS WACAN
Anoman Duta
Ramawijaya tindak mbebedhag / golek kewan ing alas. Sakdurunge tindak, Prabu Rama wis weling marang sing garwa yaiku Shinta diweling ora kepengen nerak wewaler utawa garis mistik saka Prabu Rama. Tindake Rama diweruhi wadyabalane Rahwana lan padha golek sisik melik kanggo ndhusta Shinta. Sakwuse oleh sisik melik. Rahwana banjur mbudidaya supaya bisa mboyong Shinta. Kanthi maneka cara dilakoni, supaya penggalihe Shinta kepilut dening Rahwana. Rahwana malih rupa, sing pungkasan malih rupa dadi Kidang Kencana/Kidang Emas kang minangka klangenane /kesenengane Shinta. Penggalihe Shinta seneng campur gumun ana kewan apik minangka klangenane, mula enggal – enggal dicedhaki. Ora ngertia Kidang Kencana iku mau minangka panjelmaan Rahwana. Saknalika Shinta kaboyong lan kabopong Rahwana diasta mabur menyang ngakasa, sakwuse Ramawijaya kondur saka mbebedhag. Pranyata Shinta ora ana, mula banjur utusan marang wadya bala Rama supaya golek sisik melik dumununge Shinta. Gancanging carita, Prabu Ramawijaya golek sisik melik/mata – mata ngenani kaanane Dewi Shinta kang wis didhusta dening Rahwana. Wis pirang – pirang dina pisah karo Dewi Shinta andhadekake penggalihe prabu Rama sungkawa utawa sedhih. Kang diutus utawa dadi duta yaiku kethek putih kang aran Anoman.
Anoman dadi duta/utusane Ramawijaya, banjur njunjug menyang taman Kaputren. Ing kono Anoman bisa nemoni dewi Shinta lan Dewi Trijatha, malah bisa ngaturake ali-aline Sri Rama menyang dewi Shinta. Sakwise oleh sisik melik lan kaanan liyane, Anoman ya Kethek Putih banjur bali. Nanging nalika arep pamit bali, konangan para prajurit Alengkadiraja, lan diraket nuli disowanake marang Prabu Rahwana. Dening Rahwana Anoman kapatrapan paukuman yaiku bakal diobong ing Alun – alun Ngalengka. Ngadhepi kahanan kang kaya mengkono, Rewandaseta utawa kapiseta tatag tanggon tanpa miris, tanpa gigrig manahe. Ing batine, kabeh prakara kang bener, bakal pener lan prakara kang luput utawa salah mesti bakal seleh. Iki minangka watak kasatriya kang patut ditiru. Ora gigrig lan wedi paukuman, nanging paukuman kang wedi marang bebener.
Kacarita, Kethek Putih ya Anoman nglakoni paukuman. Nanging senajan diobong, Anoman ora bisa kobong amarga sekti mandra guna lan malah mencolot sanduwuring Kraton. Omah, bangunan liyane, lan wit – witan kang diencoki Anoman kabeh kobong. Kraton Ngalengka sing maune apik asri saiki dadi lautan geni. Prabu Dasamuka nesu lan mritahake para prajurit saka nyekel Anoman. Nanging Anoman kasil lolos lan wis bisa ketemu maneh atur palapuran marang Prabu Rama.

Desiana Prasetya adalah seorang kepala dapur berpengalaman selama 10 tahun di bidang kuliner dan memiliki pemahaman yang mendalam lều makanan khas daerah. Prasetya berbagi pengetahuan dan terhubung dengan para koki terkemuka di seluruh dunia melalui blog nhaxinhplaza.net. Prasetya juga memiliki minat dalam perjalanan, mencintai alam dan budaya manusia di berbagai daerah di Indonesia.